Sabtu, 23 November 2013
00.29
No comments
MANTENAN ADAT JAWA
Upacara
pengantenan adat jawa iku salah sawijine
upacara sacral adat sing duwe rataman
upacara lan tatacara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nggamblangake
pepanggihan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan khusus kados
deneng raja lan ratu.
Padatan
lan rataman inti upacara diselenggaraake wonten daleme penganten putrid nanging
dibantu dening keluwarga penganten kakung. Dene kang dadi pemangku gati yoiku wong
tua saking keluwarga penganten putri.
Ing
upacara pengantenan adat jawa iku ana tatacara lampahing pahargyan utawa pawiwahan
temu temanten.
Ingkang
wiwitan yoiku penganten putri mijil (metu )saking panti busana banjur kuwi praptaning
penganten kakung saha paring iring sak wise kuwi pasrah tampi temanten kakung
terus tata cara panggih, wiwit saking siraman, srah-srahan, upacara baling
suruh, upacara wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, dhaharklimah, mertui,
sungkeman, kenduren, uga pirsani utawa resepsi, dilajengake tata cara krobongan
sak wise kuwi ana rawuhe besan sapendherek lan ingkang pungkasan yoiku bekti penganten
sarimbit.
Ing jerone
upacara temantenan kuwi uga ana sambutan-sambutan, sing kudu di lampahi
sedurunge lan sakwise mantenan yoiku:
1. Atur
ndodok wori utawa teges gunem
2. Atur
pasrah paningset lan atur panampa pasrah banyu siraman
3. Atur
pasrah banyu siraman lan atur panampa pasrah banyu siraman
4. Atur
pasrah calon penganten kakung ing acara midodareni lan atur panampane
5. Atur
pamitan inga cara midodareni lan atur waluyane
6. Atur
pasrah calon penganten kakung nalika arep ijab lan atur panampane
7. Atur
pasrah calon penganten kakung nalika arep temu /majemuk lan atur panampane
8. Atur
pasrah penganten saribit nalika ngunduh mantu lan atur penampane
Mekanten
tatacara penganten adat jawa. Ingkang kalampahan ing tanah jawa. Ingkang dipun
lampahi wiwit biyen ngantos sakniki.
Langganan:
Postingan (Atom)