Blogroll

Sabtu, 23 November 2013

MANTENAN ADAT JAWA

            Upacara pengantenan adat jawa iku salah sawijine  upacara sacral adat sing duwe rataman  upacara lan tatacara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nggamblangake pepanggihan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan khusus kados deneng raja lan ratu.
            Padatan lan rataman inti upacara diselenggaraake wonten daleme penganten putrid nanging dibantu dening keluwarga penganten kakung. Dene kang dadi pemangku gati yoiku wong tua saking keluwarga penganten putri.
            Ing upacara pengantenan adat jawa iku ana tatacara lampahing pahargyan utawa pawiwahan temu temanten.
Ingkang wiwitan yoiku penganten putri mijil (metu )saking panti busana banjur kuwi praptaning penganten kakung saha paring iring sak wise kuwi pasrah tampi temanten kakung terus tata cara panggih, wiwit saking siraman, srah-srahan, upacara baling suruh, upacara wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, dhaharklimah, mertui, sungkeman, kenduren, uga pirsani utawa resepsi, dilajengake tata cara krobongan sak wise kuwi ana rawuhe besan sapendherek lan ingkang pungkasan yoiku bekti penganten sarimbit.
Ing jerone upacara temantenan kuwi uga ana sambutan-sambutan, sing kudu di lampahi sedurunge lan sakwise mantenan yoiku:
1.      Atur ndodok wori utawa teges gunem
2.      Atur pasrah paningset lan atur panampa pasrah banyu siraman
3.      Atur pasrah banyu siraman lan atur panampa pasrah banyu siraman
4.      Atur pasrah calon penganten kakung ing acara midodareni lan atur panampane
5.      Atur pamitan inga cara midodareni lan atur waluyane
6.      Atur pasrah calon penganten kakung nalika arep ijab lan atur panampane
7.      Atur pasrah calon penganten kakung nalika arep temu /majemuk lan atur panampane
8.      Atur pasrah penganten saribit nalika ngunduh mantu lan atur penampane
Mekanten tatacara penganten adat jawa. Ingkang kalampahan ing tanah jawa. Ingkang dipun lampahi wiwit biyen ngantos sakniki.

            

0 komentar:

Posting Komentar